1
1 KORINTA 2:9
Kitab Sutji
JAV
Nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku.”
ប្រៀបធៀប
រុករក 1 KORINTA 2:9
2
1 KORINTA 2:14
Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.
រុករក 1 KORINTA 2:14
3
1 KORINTA 2:10
Awit Gusti Allah wus nglairake bab iku marang kita sarana Sang Roh, sabab Sang Roh itu nitipriksa samubarang kabeh, dalah bab wewadine Gusti Allah.
រុករក 1 KORINTA 2:10
4
1 KORINTA 2:12
Kita ora nampani rohe jagad, nanging Sang Roh kang asale saka Gusti Allah, supaya kita padha bisa nyumurupi apa kang dadi sih-peparinge Gusti Allah marang kita.
រុករក 1 KORINTA 2:12
5
1 KORINTA 2:4-5
Anggonku caturan utawa anggonku martakake ora nganggo tembung-tembung kang wasis kang ngyakinake, nanging kalawan yakin ing bab kakiyatane Sang Roh, supaya pracayamu aja nganggo landhesan kawasisaning manungsa, nanging kakiyataning Allah.
រុករក 1 KORINTA 2:4-5
គេហ៍
ព្រះគម្ពីរ
គម្រោងអាន
វីដេអូ