1
1 KORINTA 1:27
Kitab Sutji
JAV
Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa
ប្រៀបធៀប
រុករក 1 KORINTA 1:27
2
1 KORINTA 1:18
Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.
រុករក 1 KORINTA 1:18
3
1 KORINTA 1:25
Awit kabodhoan kang saka Gusti Allah iku luwih wicaksana katimbang karo manungsa, lan karingkihan kang saka Gusti Allah iku luwih rosa katimbang karo manungsa.
រុករក 1 KORINTA 1:25
4
1 KORINTA 1:9
Gusti Allah, kang wus nimbali kowe marang patunggilane Kang Putra Yesus Kristus, Gusti kita, iku setya tuhu.
រុករក 1 KORINTA 1:9
5
1 KORINTA 1:10
Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.
រុករក 1 KORINTA 1:10
6
1 KORINTA 1:20
Ana ing ngendi wong kang wasis? Ana ing ngendi ahli Toret? Ana ing ngendi juru bantah ing jaman iki? Gusti Allah rak wis ndadekake kawasisane jagad iki dadi kabodhoan?
រុករក 1 KORINTA 1:20
គេហ៍
ព្រះគម្ពីរ
គម្រោងអាន
វីដេអូ