Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, – manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase, nanging kang saiki wus kababar, sarta wus kawartakake dening kitab-kitabe para nabi, manut dhawuhe Gusti Allah kang langgeng marang sakehing bangsa, kanggo nenuntun marang ing pambangun-turuting pracaya – iya kagem Panjenengane, Gusti Allah kang wicaksana piyambak, awit saka Gusti Yesus Kristus: sakehing kamulyan langgeng ing salawas-lawase! Amin.