YouVersion Logo
Search Icon

Masmur 127

127
Masmur 127
Berkahé Gusti wiwitané keslametan
127:1-5
1Kidung jiyarah masmuré Salomo.
Yèn duduk GUSTI sing nggawé omah,
tanpa nggawé wong sing mbangun;
yèn duduk GUSTI sing njaga kuta,
tanpa nggawé wong sing njaga enggoné melèk.
2Tanpa guna enggonmu tangi ésuk mruput,
lan lungguhan nganti mbengi,
lan mangan roti sing enggoné olèh karo rekasa,
awit kuwi dikèkké karo Gusti marang sing ditrésnani waktu turu.
3Lah anak-anak lanang kuwi panduman pawèhé GUSTI,
wohé meteng kuwi sakwijiné upah.
4Kaya panah ing tangané pahlawan,
kaya mengkono kanggo anak-anak waktu enomé.
5Beja wong sing wadahé panah dikebaki
karo kuwi kabèh.
Wong kuwi ora bakal ngalami kisinan yèn rembukan
karo mungsuh ing gapura.

Currently Selected:

Masmur 127: KJS17

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in