Masmur 128
128
Masmur 128
Berkahé brayat
128:1-6
1Kidung jiyarah.
Rahayu saben wong sing ngabekti marang GUSTI,
lan sing mlaku ing dalan sing diduduhké.
2Yèn kowé mangan wohé kangèlané tanganmu,
rahayu kowé lan betyik kahananmu!
3Bojomu wadon bakal dadi kaya wit anggur sing subur
ing njeruhné omahmu;
lan anak-anakmu kaya trubusané wit saitun
sing ngubengi méjamu.
4Lah kaya mengkono enggoné bakal diberkahi
wong lanang sing ngabekti marang GUSTI.
5GUSTI supaya mberkahi kowé sangka Sion,
lan kowé supaya menangi kabekjané Yérusalèm sakjekké uripmu,
6lan supaya menangi buyut-buyutmu!
Tentrem rahayu anaa ing Israèl!
Currently Selected:
Masmur 128: KJS17
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Tèks © Surinaams Bijbelgenootschap 2018