YouVersion Logo
Search Icon

Masmur 126

126
Masmur 126
Pengarep-arep ing njeruhné kangèlan
126:1-6
1Kidung jiyarah.
Ing waktuné GUSTI mulihké kahanané Sion,
kita kaya wong ngimpi.
2Ing waktu kuwi tutuk kita pada kebak ngguyu,
lan ilat kita kebak surak-surak.
Ing waktu kuwi ing antarané para bangsa ana tembung:
“GUSTI wis nindakké perkara sing gedé marang para wong iki!”
3GUSTI wis nindakké perkara sing gedé marang kita,
mulané kita pada bungah.
4Duh GUSTI, Panjenengan supaya mulihké kahanané kita,
kaya pulihé kali asat ing negara Negeb!
5Wong sing pada nyebar wiji karo mbrèbès mili,
bakal panèn karo surak-surak.
6Wong sing mlaku maju karo nangis
nyambi nyebar wiji,
mulihé mesti karo surak-surak
karo ngusung panènané.

Currently Selected:

Masmur 126: KJS17

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in