Masmur 125
125
Masmur 125
Tentrem ing pangayomané Gusti
125:1-5
1Kidung jiyarah.
Wong sing pada pertyaya marang GUSTI,
kuwi pada kaya gunung Sion sing
ora hoyak sak lawasé.
2Yérusalèm diubengi karo gunung,
kaya mengkono GUSTI enggoné ngamping-ngampingi umaté,
wiwit saiki nganti tekan selawasé.
3Tekené kratoné wong duraka ora bakal tetep
ing bumi sing wis dilotré kanggo para wong bener,
supaya wong bener aja nganti pada ngranggèhké
tangané marang sing ala.
4Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem nindakké sing apik marang para wong apik
lan marang para wong sing atiné jujur.
5Nanging wong-wong sing nyimpang ing dalan sing ménggak-ménggok,
supaya pada ditundung karo GUSTI bareng karo wong-wong sing pada nindakké ala.
Tentrem rahayu kanggo Israèl!
Currently Selected:
Masmur 125: KJS17
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Tèks © Surinaams Bijbelgenootschap 2018