YouVersion Logo
Search Icon

Masmur 124

124
Masmur 124
Pinujia Juruslameté bangsa Israèl
124:1-8
1Kidung jiyarah masmuré Daved.
Yèn duduk GUSTI déwé sing mbélani kita,
- kaya mengkono tembungé Israèl, -
2yèn duduk GUSTI déwé sing mbélani kita,
waktu wong pada ngadek nglawan kita,
3kita mesti wis pada diuntal urip-uripan,
waktu wong kuwi mulat-mulat nesuné marang kita;
4kita terus kéntér ing banyu,
kita wis pada kelep ing kali;
5iliné banyu sing lubèr
sing molak-malik kuwi wis nutupi kita.
6Pinujia GUSTI sing ora ngelungké kita
dadi pangané untuné wong-wong mau!
7Nyawa kita pada bisa utyul kaya manuk,
sing utyul sangka jireté wong mikat,
rantas jireté,
kita terus utyul.
8Pitulungan kita kuwi ing asmané GUSTI,
sing nggawé langit lan bumi.

Currently Selected:

Masmur 124: KJS17

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in