Masmur 123
123
Masmur 123
Ngarep-arep kawelasané Gusti
123:1-4
1Kidung jiyarah.
Mripat kula nyawang marang Panjenengan
sing njagong ing swarga.
2Ya kaya mripaté abdi lanang
anggèné nyawang marang tangané bendarané,
utawa kaya mripaté abdi wadon
anggèné nyawang marang tangané bendarané wadon,
ya mengkono mripat kita, anggèné pada nyawang marang GUSTI, Gusti Allah kita,
nganti olèh kawelasan.
3Kita supaya pada Panjenengan welasi, duh GUSTI, supaya Panjenengan welasi,
awit wis warek enggèn kita pada disepèlèkké;
4nyawa kita wis kliwat nganti warek
marang poyokané para wong sing rumangsa tentrem,
lan marang wong gemunggung anggèné pada ngrèmèhké.
Currently Selected:
Masmur 123: KJS17
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Tèks © Surinaams Bijbelgenootschap 2018