YouVersion Logo
Search Icon

LUKAS 6:27-49

LUKAS 6:27-49 JAV

“Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana. Wong kang nyupatani kowe, padha suwunna berkah; wong kang sawenang-wenang marang kowe, padha dongakna becik. Sing sapa nangani pipimu sasisih, sisihe pisan ulungna, lan sing sapa ngrebut jubahmu, cikben ngepek kotangmu pisan. Wong kang njejaluk marang kowe, wenehana, lan aja njaluk baline marang darbekmu kang wis dijupuk ing wong. Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong. Sarta manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku apa jasamu? Amarga wong dosa iya padha nimbangi katresnaning liyan. Awit manawa kowe padha gawe becik marang kang mbeciki kowe, iku jasamu apa? Wong dosa rak iya padha tumindak mangkono. Lan maneh manawa kowe ngutangi marang wong kanthi pangarah supaya oleh apa-apa saka dheweke, iku apa jasamu? Wong dosa rak iya padha ngutangi marang padha wong dosa, supaya padha tampane. Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala. Kowe sing padha ambek welasan, kaya anggone Ramamu iya ambek welasan.” “Aja padha ngukumi, supaya kowe iya ora bakal padha diukumi. Lan aja padha ngadili, supaya kowe iya ora padha diadili. Padha ngapuraa, supaya kowe iya diapura. Padha weweha, supaya kowe iya diwenehi. Takeran kang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang luber, bakal kaesokake ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowe.” Gusti Yesus banjur ngandika maneh marang wong-wong mau kalawan pasemon mangkene: “Wong picak apa bisa nuntun wong picak? Apa karone ora bakal kecemplung ing luwangan? Murid iku ora ngungkuli gurune, nanging sing sapa wis tamat pasinaone, bakal padha karo gurune. Yagene kowe nyumurupi tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup? Kapriye dene kowe bisa tutur marang sadulurmu: Sadulur, tatal kang ana ing mripatmu iku dakilangane. Mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup. Heh, wong lamis, glondhong kang ana ing mripatmu iku ilangana dhisik, temah kowe bakal bisa ndeleng kalawan cetha lan bisa ngilangi tatal kang ana ing mripate sadulurmu.” “Amarga ora ana wit kang becik kang metokake woh kang ala, lan iya ora ana wit kang ala kang metokake woh kang becik. Sabab saben wit iku ketitik saka wohe. Awit ora ana woh anjir dipethik saka tethukulan eri, lan ora ana woh anggur diundhuh saka grumbul eri. Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku metokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.” “Geneya kowe kok nyebut Aku: Gusti, Gusti, mangka kowe padha ora nglakoni pituturKu? Saben wong kang marani Aku lan ngrungokake pituturKu sarta ditindakake – kowe Daksumurupake wong iku kena dipadhakake sapa –. Iku padhane kaya wong kang ngedegake omah: Wong iku gawe kalenan kang jero, sarta pandhemene kapasang ing padhasan. Bareng ana banjir lan banjir mau nrajang omah iku, omah iku ora bisa gonjing amarga santosa banget. Nanging sing sapa ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku padhane kaya wong kang ngadegake omah tanpa pandhemen. Bareng ana banjir kang nrajang, omah iku ambruk, sarta banget rusake omah iku.”

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy