YESAYA 34
34
Paukuman marang para bangsa, Edom kalebu uga
34:1-17
1He para bangsa, padha nyedhaka lan ngrungokna,
lan padha nggatekna, he para suku bangsa!
Bumi dalah saisine kabeh prayoga padha krungu,
uga jagad lan kabeh kang tuwuh saka ing kono.
2Sabab Sang Yehuwah duka marang sakehing bangsa,
lan benter ing panggalih marga saka wadya-balane;
iku wus padha kadhewekake bakal katumpes
lan kapasrahake supaya padha disembeleh.
3Wong kang mati dipateni bakal kabuwang,
lan bathange bakal padha mambu blarongan;
gunung-gunung bakal padha kabanjiran getihe.
4 #
Wy 6:13-14
Sakehe wadya-bala ing langit bakal tumpes,
tuwin langit bakal kagulung kaya layang gulungan,
kabeh wadya-balane bakal gugur
kaya godhong kang padha gogrog saka ing wit anggur,
lan kaya gogroge godhong anjir.
5 #
Ye 63:1-6; Ym 49:7-22; Yk 25:12-14, 35:1-15; As 1:11-12; Ob 1-4; Ml 1:2-5 Sabab pedhangingSun kang ana ing langit wus ngamuk,
delengen, iku wus tumurun ngakimi Edom,
bangsa kang wus Sunpiyambakake supaya katumpes.
6Pangeran Yehuwah kagungan pedhang kang kuthah getih
lan gupak gajih akeh banget,
yaiku getihe cempe-cempe lan wedhus-wedhus lanang
tuwin gajihe ginjeling wedhus-wedhus gembel lanang.
Awit Sang Yehuwah nganakake kurban sembelehan ana ing Bozra
lan pasembelehan gedhe ana ing tanah Edom.
7Bantheng-bantheng bakal padha ambruk mati bebarengan karo wedhus gembel lan wedhus liyane mau,
lan sapi-sapi lanang kang enom bebarengan karo sapi-sapi lanang kang prakosa,
nagarane bakal warata karesepan ing getih,
sarta tanahe kebak gajih.
8Awit Pangeran Yehuwah ndhatengake dina tumibaning piwales
lan taun anggone ndhawahake paukuman marga saka prakarane Sion.
9Kali-kaline Edom bakal malih dadi kali latung,
tuwin lemahe dadi walirang;
nagarane bakal dadi latung kang murub makantar-kantar.
10 #
Wy 14:11, 19:3 Rina wengi ora bakal mati-mati,
kukuse kumelun salawas-lawase.
Nagara iku bakal dadi jugrugan turun-tumurun,
tuwin sabanjure ora bakal ana wong kang liwat ing kono.
11Banyak gondhok lan landhak kang bakal manggon ing kono.
manuk beluk lan gagak bakal dumunung ana ing kono.
Pangeran Yehuwah bakal ndadosake worsuh nagara iku
sarta kadadosake suwung ngetrepi rancangane.
12Jim-jim bakal manggon ana ing kono,
lan para panggedhe bakal wus ora ana maneh;
wus ora ana maneh kang bakal kajumenengake dadi ratu ing kono,
tuwin sakehe panggedhene wus padha sirna.
13Eri bebondhotan bakal thukul ing puri-purine,
lan suket saarta piskucing ana ing beteng-betenge,
satemah dadi papan padununganing asu ajag,
tuwin dadi panggonaning manuk unta.
14Kewan pasamunan bakal padha pethukan karo asu alas,
sarta jim bakal tetemonan karo kancane ana ing kono;
memedi bakal ana ing kono
tuwin bakal oleh papan panggonan.
15Ula wit-witan padha nusuh lan ngendhog ana ing kono
tuwin angrem nganti edhoge padha netes;
manuk beri padha krompolan ana ing kono,
padha jodhon-jodhon.
16Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen;
makhluk-makhluk iku mau kabeh
siji bae ora ana kang ora ana,
ora ana kang kelangan kancane;
amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah,
sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh.
17Panjenengane piyambak wus mbucal undhi
lan mbage-mbage nagara iku marang para makhluk mau kalawan tali ukuran;
makhluk-makhluk mau bakal manggon ing kono nganti ing salawas-lawase
lan ana ing kono turun-tumurun.
Currently Selected:
YESAYA 34: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.