Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen;
makhluk-makhluk iku mau kabeh
siji bae ora ana kang ora ana,
ora ana kang kelangan kancane;
amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah,
sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh.