YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 35

35
Karahayon tumrap para umate Pangeran Yehuwah
35:1-10
1Ara-ara samun lan palemahan mati bakal padha bungah,
pasamunan bakal surak-surak lan metokake kembang;
2bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar,
bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak.
Bakal kaparingan kamulyaning Libanon
kaluhuraning Karmel lan Saron;
bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah,
kaluhuraning Allah kita.
3 # Ib 12:12 Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatna
lan dhengkul kang theklok padha santosakna.
4Kandhaa marang para wong kang kuwatir atine:
“Sing padha tatag, aja padha wedi!
Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwales
lan ganjaraning Allah.
Panjenengane piyambak kang rawuh
arep nguwalake kowe kabeh.”
5 # Mt 11:5; Lk 7:22 Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake,
lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak.
6Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan,
tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak;
amarga ara-ara samun bakal metokake sumber,
sarta pasamunan bakal ana kaline;
7tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang,
lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber;
papan pandhodhotaning asu ajag
bakal kathukulan tebu lan pandhan.
8Ing kono bakal ana lurunge,
kang bakal kaaranan Dalan Suci;
wong kang najis ora bakal liwat ing kono
sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.
9Ing kono bakal ora ana singane,
kewan galak ora bakal saba mrono
tuwin ora bakal tinemu ana ing kono;
mung para wong kang wus padha kaluwaran
kang bakal padha lumaku ing kono,
10lan para wong kang wus kauwalan
dening Pangeran Yehuwah kang bakal padha mulih
tuwin lumebu ing Sion kalawan surak-surak,
kanthi kapenuhan ing kabungahan kang langgeng;
bakal padha kebak ing kasenengan la sukarena,
kasusahan lan pasambat bakal padha ngedoh.

Currently Selected:

YESAYA 35: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in