YESAYA 25
25
Ngunjukake panuwun marga mungsuh wus sirna
25:1-5
1Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika ingkang dados Allah kawula;
kawula badhe ngluhuraken Paduka, badhe ngrepekaken kidung panuwun kagem asma paduka;
amargi kalayan setya lan santosa anggen Paduka sampun nindakaken rancangan paduka ingkang elok
ingkang wontenipun sampun wiwit ing kina mila.
2Awit kitha punika sampun Paduka dadosaken tumpukan sela,
saha kitha-beteng punika dados jugrugan;
purining bangsa manca sampun sanes kitha malih,
lan boten badhe kabangun malih ing salaminipun.
3Mila satunggaling bangsa ingkang santosa badhe ngluhuraken Paduka;
kithaning para bangsa ingkang prakosa
badhe ajrih-asih dhumateng Paduka.
4Amargi Paduka dados papan pangungsenipun para tiyang ingkang sekeng,
dados papan pangungsenipun tiyang miskin ing salebeting karupekanipun,
dados pangayoman tumrap wontenipun prahara,
dados pangeyuban manawi pinuju benter sumelet,
awit kanepsonipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung
punika kadosdene prahara ing mangsa asrep,
5kados benter gumeplang ing papan garing.
Gumederipun para tiyang ngamanca Paduka kendelaken;
kadosdene benter sumelet ingkang kasirnakaken dening aubing mega,
inggih makaten anggening kekidunganipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung sami kasirep.
Kaslametaning para bangsa ing Sion
25:6-12
6Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi
ana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsa
arupa olah-olahan kang gurih,
bujana kang awujud anggur lawas,
olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum,
anggur lawas kang kasaring endheg-endhege.
7Lan ana ing gunung kene Sang Yehuwah bakal nyuwek-nyuwek
sandhangan bagor kang kaenggokake marang sakehing suku bangsa
lan kemul kang dikemulake
marang sakehing para bangsa.
8 #
1Kr 15:54; Wy 7:17, 21:4 Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse;
tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai;
sarta kawirangane umate bakal kaedohake
saka ing salumahing bumi,
awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.
9Ing wektu iku bakal ana wong kang celathu:
“Iki sanyata Gusti Allah kita,
kang kita anti-anti, supaya kita kaganjar slamet.
Iya iki Sang Yehuwah kang kita anti-anti;
ayo kita padha surak-surak lan suka-suka
marga saka pangluwaran kang kaparingake!”
10 #
Ye 15:1–16:14; Ym 48:1-47; Yk 25:8-11; As 2:1-3; Zf 2:8-11 Marga astane Pangeran Yehuwah bakal ngayomi gunung iki,
nanging Moab bakal kaidak-idak ana ing panggonane dhewe,
kayadene dami kang kaidak-idak ing luwang rereged.
11Manawa Moab ngegarake tangane ana ing jerone
kaya patrape wong nglangi kang ngegarake tangane supaya bisa nglangi,
Sang Yehuwah banjur bakal ngesorake kumlungkunge
dalasan sakehe pambudi-dayane.
12Uwat-uwating tembokmu kang dhuwur
bakal kaebrukake lan karubuhake,
sarta kaglimpangake ing lemah lan lebu.
Currently Selected:
YESAYA 25: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.