YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 24

24
BAB 24-27
PAMECA BAB WEKASANING JAMAN
Bumi kalebur
24:1-23
1Lah bumi bakal didadekake suwung dening Sang Yehuwah
lan bakal kalebur,
lemahe bakal kawalik,
sarta kang manggon bakal padha kabuyarake.
2Nasibing imam bakal kaya rakyat,
nasibing lurah bakal kaya batur lanang,
nasibing lurahe wadon bakal kaya batur wadon,
nasibing wong kang adol bakal kaya kang tuku,
nasibe wong kang nyilihake bakal kaya kang nyilih,
nasibe wong potang bakal kaya kang utang.
3Bumi bakal kadadekake ludhes babar pisan,
lan bakal dijarah-rayah entek-entekan,
awit Sang Yehuwah kang ngandika mangkono.
4Bumi katon susah alum,
malah jagad banjur nglayung layu,
langit lan bumi nglayung bebarengan.
5Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni,
amarga padha nglanggar angger-angger,
ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng.
6Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat,
lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman;
awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna,
lan manungsa bakal mung kari sathithik.
7Anggur ora gawe bingar maneh,
wite anggur nglayung,
lan sakehe wong kang bungah atine bakal sesambat.
8Swaraning trebang kang gambira wus leren,
ramene wong kang sumyak-sumyak wus sirep,
lan swaraning clempung kang girang wus leren.
9Wong kang ngombe anggur ora kalawan kekidungan maneh,
arak dadi pait tumrap wong kang ngombe.
10Kutha kang kisruh kaanane wus lebur,
saben omah wus tutupan ora kena dileboni.
11Wong padha njerit ana ing dedalan awit ora ana anggur,
sakehing kasenengan wus sirna,
gambiraning bumi wus ilang.
12Kang tinemu ana ing kutha mung karusakan,
gapurane wus kagempur lan jugrug.
13Amarga iki bakal kelakon ana ing bumi,
ana ing satengahe para bangsa,
yaiku kaya ing nalika wong ngerog woh jaitun,
kaya ing nalika ngasag ing sarampunging panen anggur.
14Wong-wong padha surak-surak sora,
marga saka kaluhurane Sang Yehuwah,
padha nguwuh-uwuh seru saka ing sisih kulon:
15“Mulane Pangeran Yehuwah kamulyakna ana ing nagara-nagara wetanan,
asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel,
ana ing tanah-tanah ing sapinggiring sagara!”
16Saka ing poncoting bumi aku padha krungu kekidungan:
“Kamulyan kagem Kang Mahaadil!”
Nanging aku celathu: “Aku kuru nglayung,
kuru nglayung aku. Bilai aku!
Sabab para panggarong padha nggarong,
malah tanpa leren anggone nggarong!”
17He para kang manggon ing bumi,
kowe bakal padha ketaman ing pagiris,
bakal padha kecemplung ing luweng lan kena ing kala jiret.
18Ing kono sing sapa lumayu marga saka swara kang ngagetake iku
bakal kecemplung ing luweng,
lan kang munggah saka ing luweng
bakal kena ing kala jiret.
Amarga cendhela-cendhelaning langit bakal padha kawengakake
lan dhasar-dhasaring bumi bakal padha gonjing.
19Bumi remuk bubuk,
bumi gempur ajur
bumi gonjang-ganjing.
20Bumi sempoyong-sempoyong kaya wong mendem
lan gonjing kaya gubug katiyup ing angin;
dosaning pambalelane tumempuh nggegirisi,
mulane banjur rubuh lan ora bakal ngadeg maneh.
21Ing nalika iku Pangeran Yehuwah tumuli bakal ngukum
wadya-balaning langit ing langit
lan para ratuning bumi ing bumi.
22Iku bakal padha kaklumpukake bebarengan,
kayadene tahanan kang kalebokake ing luweng;
bakal padha kalebokake ing pakunjaran
lan bakal padha kaukum sawuse antara lawas.
23Rembulan purnama bakal rumangsa isin,
lan srengenge kang panase ngedab-edabi bakal nandhang wirang,
amarga Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngasta paprentahan
ana ing gunung Sion lan ing Yerusalem,
sarta bakal ngatingalake kamulyane
ana ing ngarepe para pinituwane umate.

Currently Selected:

YESAYA 24: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in