Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi
ana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsa
arupa olah-olahan kang gurih,
bujana kang awujud anggur lawas,
olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum,
anggur lawas kang kasaring endheg-endhege.