Rembulan purnama bakal rumangsa isin,
lan srengenge kang panase ngedab-edabi bakal nandhang wirang,
amarga Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngasta paprentahan
ana ing gunung Sion lan ing Yerusalem,
sarta bakal ngatingalake kamulyane
ana ing ngarepe para pinituwane umate.