1
WULANG BEBASAN 17:17
Kitab Sutji
JAV
Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.
Compare
Explore WULANG BEBASAN 17:17
2
WULANG BEBASAN 17:22
Ati kang bingar iku minangka obat kang manjur, nanging ilanging semangat iku ngroposake balung.
Explore WULANG BEBASAN 17:22
3
WULANG BEBASAN 17:9
Wong kang nasabi kaluputan iku ngupaya sih, nanging sing sapa ngudhal-udhal prakara iku misahake pamitran.
Explore WULANG BEBASAN 17:9
4
WULANG BEBASAN 17:27
Wong wasis iku bisa ngampet tembunge, sarta wong kang duwe kapinteran iku sareh ing budi.
Explore WULANG BEBASAN 17:27
5
WULANG BEBASAN 17:28
Uga wong bodho manawa anteng iya bakal dikira wicaksana, lan manawa ngingkemake lambene iya dikira duwe kapinteran.
Explore WULANG BEBASAN 17:28
6
WULANG BEBASAN 17:1
Pilih roti garing sairis kanthi tentrem, tinimbang mangan daging saomah kanthi crah.
Explore WULANG BEBASAN 17:1
7
WULANG BEBASAN 17:14
Miwiti grejegan iku kaya mbedhah bendungan, mulane mundura sadurunge wiwit grejegan.
Explore WULANG BEBASAN 17:14
8
WULANG BEBASAN 17:15
Mbenerake wong duraka lan ngluputake wong bener, iku karo-pisan nistha tumrap Pangeran Yehuwah.
Explore WULANG BEBASAN 17:15