1
WULANG BEBASAN 16:3
Kitab Sutji
JAV
Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah sakehe rancanganmu bakal kelakon.
Compare
Explore WULANG BEBASAN 16:3
2
WULANG BEBASAN 16:9
Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane, nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune.
Explore WULANG BEBASAN 16:9
3
WULANG BEBASAN 16:24
Tetembungan kang sedhep iku kaya tala madu, rasane legi tumrap ing ati lan dadi tamba balung.
Explore WULANG BEBASAN 16:24
4
WULANG BEBASAN 16:1
Manungsa bisa nimbang-nimbang ing sajroning ati, nanging wangsulane ilat iku asale saka Sang Yehuwah.
Explore WULANG BEBASAN 16:1
5
WULANG BEBASAN 16:32
Wong kang sabar iku ngluwihi pahlawan, wong kang bisa ngereh awake, iku ngluwihi wong kang bisa ngrayud nagara.
Explore WULANG BEBASAN 16:32
6
WULANG BEBASAN 16:18
Kumenthus iku pepucuking karusakan, lan gumunggung iku pucuking ambruk.
Explore WULANG BEBASAN 16:18
7
WULANG BEBASAN 16:2
Wong padha ngarani resik marang dalane, manut wawasane dhewe, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.
Explore WULANG BEBASAN 16:2
8
WULANG BEBASAN 16:20
Sing sapa nggatekake pangandika bakal nemu becik, sarta rahayu wong kang kumandel marang Sang Yehuwah.
Explore WULANG BEBASAN 16:20
9
WULANG BEBASAN 16:8
Luwih becik pametu sathithik klawan kabeneran, tinimbang pametu akeh tanpa kaadilan.
Explore WULANG BEBASAN 16:8
10
WULANG BEBASAN 16:25
Ana dalan kang dikira bener dening wong, mangka pungkasane anjog marang pati.
Explore WULANG BEBASAN 16:25
11
WULANG BEBASAN 16:28
Wong kang culika marakake grejegan, sarta wong kang mitenah iku misahake mitra kenthel.
Explore WULANG BEBASAN 16:28