1
WULANG BEBASAN 18:21
Kitab Sutji
JAV
Pati lan urip padha kawengku ing ilat, sapa kang seneng mratak-mratakake, iku mesthi mangan wohe.
Compare
Explore WULANG BEBASAN 18:21
2
WULANG BEBASAN 18:10
Asmane Pangeran Yehuwah iku menara kang santosa, wong bener padha ngungsi mrono temah slamet.
Explore WULANG BEBASAN 18:10
3
WULANG BEBASAN 18:24
Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur.
Explore WULANG BEBASAN 18:24
4
WULANG BEBASAN 18:22
Sapa kang oleh jodho iku nemu bab kang becik, sarta oleh sihe Sang Yehuwah.
Explore WULANG BEBASAN 18:22
5
WULANG BEBASAN 18:13
Manawa wong mangsuli sadurunge ngrungokake, iku bodho sarta cacad.
Explore WULANG BEBASAN 18:13
6
WULANG BEBASAN 18:2
Wong gemblung iku ora seneng marang pangreten, mung dhemen njereng isining atine.
Explore WULANG BEBASAN 18:2
7
WULANG BEBASAN 18:12
Lumuhur-luhur pepucuking karusakan, nanging andhap-asor iku margane kajen.
Explore WULANG BEBASAN 18:12