RUM 2:3-4

RUM 2:3-4 JAV

Dene kowe, heh manungsa kang njeksani kang duwe pratingkah mangkono mau, mangka kowe dhewe uga nglakoni, apa kowe ngira, yen kowe bakal luput saka ing paukumane Gusti Allah? Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apa kowe ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun kowe marang pamratobat?