EFESUS 5:18-20
EFESUS 5:18-20 JAV
Lan aja nganti kowe mendem anggur, awit anggur iku nuwuhake hawa-nepsu, nanging kapenuhana ing Roh, lan rerasanana siji lan sijine nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati. Tansah caosa sokur marang Gusti Allah Sang Rama kita tumrap samubarang kabeh atas asmane Gusti kita Yesus Kristus



