LELAKONE PARA RASUL 25:6-7

LELAKONE PARA RASUL 25:6-7 JAV

Sang Festus anggone lereb ana ing Yerusalem ora luwih saka wolu utawa sapuluh dina, banjur kondur menyang Kaisarea. Esuke panjenengane lenggah ing pangadilan lan dhawuh ngladekake Rasul Paulus. Bareng Rasul Paulus wis disowanake, kabeh wong Yahudi kang teka saka ing Yerusalem padha ngadeg ngepung lan ngaturake gugatan akeh kang abot tumrap panjenengane kang ora bisa dibuktekake dening wong-wong mau.