1
RUM 5:8
Kitab Sutji
JAV
Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.
ប្រៀបធៀប
រុករក RUM 5:8
2
RUM 5:5
Dene pangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ing ati kita dening Sang Roh Suci, kang wus pinaringake marang kita.
រុករក RUM 5:5
3
RUM 5:3-4
Lan ora ngamungake iku bae. Malah kita iya padha ngalembana sajroning sangsara, awit kita padha sumurup manawa sangsara iku njalari mantep, lan mantep iku njalari tanggon, tanggon nukulake pangarep-arep.
រុករក RUM 5:3-4
4
RUM 5:1-2
Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang njalari kita padha oleh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita ngalembana sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah.
រុករក RUM 5:1-2
5
RUM 5:6
Awitdene ing nalika kita isih padha apes, ana ing wektu kang pinesthi dening Gusti Allah, Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita para wong duraka.
រុករក RUM 5:6
6
RUM 5:9
Apamaneh saiki, kita wus padha kabenerake sarana rahe, wus mesthi bakal luput saka ing bebenduning Allah.
រុករក RUM 5:9
7
RUM 5:19
Dadi padha kaya pambangkange wong siji mau njalari wong kabeh dadi wong dosa, mangkono uga marga saka pambangun-turute wong siji kabeh wong banjur padha dadi wong kang bener.
រុករក RUM 5:19
8
RUM 5:11
Lan ora ngamungake mangkono bae, kita malah iya bakal padha ngalembana marang Gusti Allah marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, kang dadi margane anggon kita wus padha oleh pirukun iku.
រុករក RUM 5:11
គេហ៍
ព្រះគម្ពីរ
គម្រោងអាន
វីដេអូ