1
RUM 12:2
Kitab Sutji
JAV
Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.
ប្រៀបធៀប
រុករក RUM 12:2
2
RUM 12:1
Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.
រុករក RUM 12:1
3
RUM 12:12
Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning karupekan, dimantep anggonmu ndedonga!
រុករក RUM 12:12
4
RUM 12:21
Kowe aja nganti dikalahake dening piala, malah piala iku kalahna sarana kabecikan.
រុករក RUM 12:21
5
RUM 12:10
Kowe padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajen-ingajenan.
រុករក RUM 12:10
6
RUM 12:9
Tresna iku ditanpa lamis! Padha gethinga ing piala sarta nglakonana panggawe becik.
រុករក RUM 12:9
7
RUM 12:18
Sabisa-bisa yen pancen gumantung marang kowe, andona rukun karo wong kabeh.
រុករក RUM 12:18
8
RUM 12:19
Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowe dhewe padha nandukake piwales, nanging iku pasrahna marang bebendune Gusti Allah, sabab ana tulisan mangkene: “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake,” mangkono pangandikaning Pangeran.
រុករក RUM 12:19
9
RUM 12:11
Anggonmu taberi aja nganti kendho, padha dibanter ing roh, lan padha leladia marang Gusti.
រុករក RUM 12:11
10
RUM 12:3
Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingake marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Kowe aja nganti mikir prakara-prakara kang ngluwihi kang prayoga kokpikir, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowe padha bisa ngereh badanmu miturut ukuraning pracaya, kang kaparingake dening Gusti Allah marang kowe dhewe-dhewe.
រុករក RUM 12:3
11
RUM 12:17
Aja males ala marang wong kang gawe piala; padha nindakna kang becik tumrap sadhengah wong.
រុករក RUM 12:17
12
RUM 12:16
Ditunggal ati ing sajroning pitepungan; aja ngarah marang kang dhuwur-dhuwur, nanging padha ngudia marang kang prasaja. Aja kuminter!
រុករក RUM 12:16
13
RUM 12:20
Balik manawa satrumu kaluwen, wenehana mangan; yen ngelak, wenehana ngombe. Sabab kanthi patrap mangkono iku, kowe prasasat numplek mawa ana ing sirahe.
រុករក RUM 12:20
14
RUM 12:14-15
Wong kang nguya-uya kowe, pujekna becik, lan aja koksupatani. Wong kang bungah biyantonana bungahe, wong kang nangis biyantonana panangise.
រុករក RUM 12:14-15
15
RUM 12:13
Padha mitulungana ing kekuranganing para suci, sarta padha merlokna aweh pamondhokan!
រុករក RUM 12:13
16
RUM 12:4-5
Sabab padha kaya kita, badan siji nduweni gegelitan akeh, nanging gegelitan mau ayahane ora padha, mangkono kita iki, sanadyan akeh, padha dadi badan siji ana ing Sang Kristus; ananging kita iki kang siji padha dene dadi gegelitane sijine.
រុករក RUM 12:4-5
គេហ៍
ព្រះគម្ពីរ
គម្រោងអាន
វីដេអូ