Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana wong saka ing omahe lurah papan pangibadah mau, kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar, punapa prelunipun taksih ngribedi Sang Guru?” Nanging Gusti Yesus ora karsa maelu marang pawarta mau, lan banjur ngandika marang lurah papan pangibadah: “Aja wedi, kumandela bae!”