1
GALATI 6:9
Kitab Sutji
JAV
Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.
ប្រៀបធៀប
រុករក GALATI 6:9
2
GALATI 6:10
Awit saka iku, mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.
រុករក GALATI 6:10
3
GALATI 6:2
Padha tulung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus.
រុករក GALATI 6:2
4
GALATI 6:7
Aja padha kesasar! Gusti Allah ora kena digawe geguyon. Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dieneni.
រុករក GALATI 6:7
5
GALATI 6:8
Sabab sing sapa nyebar ing daginge, dheweke bakal ngeneni karusakan saka daginge – nanging sapa kang nyebar ing Roh, iya bakal ngeneni urip langgeng saka ing Roh iku.
រុករក GALATI 6:8
6
GALATI 6:1
Para sadulur, yen ana wong kang tinemu nglakoni panerak, kowe kang kasukman, kudu nuntun wong iku marang dalan kang bener kalawan budi kang sareh, karo njaga awakmu dhewe, supaya kowe uga aja kena ing pacoban.
រុករក GALATI 6:1
7
GALATI 6:3-5
Sabab yen ana sawenehing wong kang rumangsa, manawa awake aji, mangka babar pisan ora aji, iku ngapusi awake dhewe. Becike saben wong ndadara pagaweane dhewe; lagi kena gumunggung ndeleng kaanane dhewe lan ora ndeleng kaanane wong liya. Sabab saben wong bakal mikul tetanggungane dhewe.
រុករក GALATI 6:3-5
គេហ៍
ព្រះគម្ពីរ
គម្រោងអាន
វីដេអូ