Sira bakal Ingsun pisah saka ing bangsa iki tuwin bangsa-bangsa liyane sarta sira bakal Ingsun utus marani bangsa-bangsa iku, supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.