Ing sawijining dina, nalika lagi padha nindakake pangibadah marang Gusti sarta puwasa, Roh Suci ngandika: “Ingsun pijekna Barnabas lan Saulus, supaya padha nglakonana ayahan, kang wus Suntamtokake tumrap karone.” Mulane banjur padha puwasa lan ndedonga, sarta sawise ditumpangi tangan, karone padha dililani mangkat.