1
1 KORINTA 13:4-5
Kitab Sutji
JAV
Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus. Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.
ប្រៀបធៀប
រុករក 1 KORINTA 13:4-5
2
1 KORINTA 13:7
Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.
រុករក 1 KORINTA 13:7
3
1 KORINTA 13:6
Katresnan iku ora bungah awit saka anane tumindak kang ora adil, nanging kayekten kang mbungahake.
រុករក 1 KORINTA 13:6
4
1 KORINTA 13:13
Dadine kari telung prakara iki, yaiku: pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhewe ing antarane iku, yaiku: katresnan.
រុករក 1 KORINTA 13:13
5
1 KORINTA 13:8
Katresnan iku ora ana enteke: pamedhar wangsit iku bakal ana pungkasane; basa roh bakal sigeg; kawruh bakal sirna.
រុករក 1 KORINTA 13:8
6
1 KORINTA 13:1
Sanadyan aku bisa ngucapake sarupaning basane manungsa lan malaekat, nanging yen sepi ing katresnan, aku padha bae kaya gong kang ngumandhang utawa bendhe kang ngangkang.
រុករក 1 KORINTA 13:1
7
1 KORINTA 13:2
Sanadyan aku kadunungana peparing bisa medhar wangsit, lan sumurup ing sakehe kawruh, lan sanadyan aku duwe pangandel kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yen aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.
រុករក 1 KORINTA 13:2
8
1 KORINTA 13:3
Lan sanadyan aku ndanakna sabarang darbekku kabeh, malah sanadyan aku masrahna badanku supaya diobong, nanging yen sepi ing katresnan, iku ora maedahi apa-apa marang aku.
រុករក 1 KORINTA 13:3
9
1 KORINTA 13:11
Nalika aku isih bocah, gunemanku kaya bocah, pangrasaku kaya bocah, pamikirku kaya bocah. Bareng saiki aku diwasa, kaananku kaya bocah mau wis dakbuwang.
រុករក 1 KORINTA 13:11
គេហ៍
ព្រះគម្ពីរ
គម្រោងអាន
វីដេអូ