Masmur 131
131
Masmur 131
Pasrah marang Gusti Allah
131:1-3
1Kidung jiyarah, masmuré Daved.
Duh GUSTI, kula ora gemunggung
lan ora nyawang karo gemunggung;
kula ora nguber marang bab sing muluk-muluk,
utawa bab sing anèh kanggo kula.
2Tenan, kula wis nentremaké lan ngleremké nyawa kula;
kaya botyah disapih sing turu tyedak ibuné,
kaya botyah sing disapih nyawa kula ing njeruh kula.
3Hé Israèl, ngarep-arepa marang GUSTI,
wiwit saiki nganti tekan sak lawas-lawasé!
Currently Selected:
Masmur 131: KJS17
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Tèks © Surinaams Bijbelgenootschap 2018