Masmur 130
130
Masmur 130
Sambat sak njeruhné kasusahan
130:1-8
1Kidung jiyarah.
Duh GUSTI, sangka jurang sing jeru
kula sambat marang Gusti.
2Duh Gusti, Panjenengan supaya ngrungokké swara kula,
Panjenengan supaya ngrungokna marang swarané sambat kula.
3Duh GUSTI, yèn Panjenengan ngéling-éling marang dosané wong,
duh Gusti, sapa sing bisa lestari?
4Nanging ing Panjenengan ana pangapura,
supaya wong pada wedi-asih marang Panjenengan.
5Aku ngentèn-entèni marang GUSTI, nyawaku ngarep-arep,
lan aku ngarep-arep marang pitutur-Mu.
6Nyawaku enggoné ngentèn-entèni marang Gusti
ngungkuli pengarep-arepé wong njaga mbengi ngentèni wayah ésuk,
ya wong njaga sing ngarep-arep wayah ésuk.
7Ngarep-arepa marang GUSTI, hé Israèl!
awit GUSTI nduwé kawelasan,
lan kerep banget ngekèki keslametan.
8 #
Mat 1:21; Tit 2:14 Panjenengané sing bakal ngluwari Israèl
sangka kabèh kesalahané.
Currently Selected:
Masmur 130: KJS17
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Tèks © Surinaams Bijbelgenootschap 2018