JABUR 137
137
MASMUR 137
Ing sapinggiring kali-kali ing tanah Babel
137:1-9
1Ana ing pinggir bengawan Babel anggonku padha ndheprok karo nangis,
manawa kelingan kutha Sion.
2Clempungku padha dakcanthelake
ana ing wit gandarusa ing kono.
3Amarga ana ing kono wong-wong kang padha nawan kita,
njaluk supaya aku padha ngrepekake kekidungan,
lan wong kang niksa kita iku padha njaluk kidung kabungahan:
“Aku padha kidungna kidunge Sion.”
4Kapriye bisaku padha ngrepekake kidunging Yehuwah
ana ing nagara ngamanca?
5Manawa aku lali marang kowe, he Yerusalem,
garinga tanganku tengen!
6Ilatku kraketa ing cethak,
manawa aku ora tetap eling marang kowe,
sarta manawa Yerusalem ora dakdadekake
musthikaning kabungahanku?
7Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti bani Edom,
ingkang ing dinten bilainipun Yerusalem ngucap:
“Gempuren, gempuren tekan talese pisan!”
8 #
Wy 18:6
He putri ing Babel, kang dhemen nganiaya,
rahayu wong kang nindakake piwales marang kowe,
tumrap pakarti-pakarti kang koktandukake marang aku kabeh!
9Rahayu wong kang padha nyekeli anak-anakmu,
banjur padha dibantingi ana ing parang.
Currently Selected:
JABUR 137: JAV
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.