YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 136

136
MASMUR 136
Sih-susetyaning Allah marang bangsa Israel
136:1-26
1 # Ms 100:4-5 Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, sabab Panjenengane iku becik!
awit langgeng sih-kadarmane.
2Padha saosa puji marang Allahe para allah,
awit langgeng sih-kadarmane.
3Padha saosa puji marang Gustine para gusti,
awit langgeng sih-kadarmane.
4Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan,
awit langgeng sih-kadarmane.
5 # Pd 1:1-2 Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan,
awit langgeng sih-kadarmane.
6Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu,
awit langgeng sih-kadarmane.
7 # Pd 1:16 Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit,
awit langgeng sih-kadarmane.
8Srengenge kang mengku raina,
awit langgeng sih-kadarmane.
9Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi,
awit langgeng sih-kadarmane.
10 # Pa 12:29 Kang mejahi para pembarepe wong Mesir,
awit langgeng sih-kadarmane.
11 # Pa 12:51 Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe,
awit langgeng sih-kadarmane.
12Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene,
awit langgeng sih-kadarmane.
13 # Pa 14:21-29 Segara Teberau dipiyak dadi loro,
awit langgeng sih-kadarmane.
14Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe,
awit langgeng sih-kadarmane.
15Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau,
awit langgeng sih-kadarmane.
16Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi,
awit langgeng sih-kadarmane.
17Kang ngasorake perange raja gedhe-gedhe,
awit langgeng sih-kadarmane.
18Para ratu kang mulya padha dipateni,
awit langgeng sih-kadarmane.
19 # Wi 21:21-35 Sihon, ratune bangsa Amori,
awit langgeng sih-kadarmane.
20Lan Og, ratu ing Basyan,
awit langgeng sih-kadarmane.
21Tanahe banjur diparingake dadi pusakane,
awit langgeng sih-kadarmane.
22Dadi pusakane Israel, abdine,
awit langgeng sih-kadarmane.
23Gusti Allah kang ngengeti kita sajroning kaasoran,
awit langgeng sih-kadarmane.
24Padha diluwari saka ing tangane mungsuh kita,
awit langgeng sih-kadarmane.
25Apadene paring pangan marang sakehing makhluk,
awit langgeng sih-kadarmane.
26Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga,
awit langgeng sih-kadarmane.

Currently Selected:

JABUR 136: JAV

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in