YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 45

45
Pangeran Yehuwah ngagem Sang Prabu Koresy, kadadosake pirantose
45:1-8
1Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki pangandikaningSun marang wong kang Sunjebadi,
marang Koresy kang Sunkanthi tangane tengen,
Sunagen nelukake bangsa-bangsa kang ana ing ngarepe
lan mblejedi para raja,
Sunagem ngengakake lawang-lawang ing ngarepe
lan supaya gapura-gapura aja terus mineb.
2Ingsun piyambak bakal lumampah ana ing ngarepira
sarta bakal ngrata gunung-gunung,
bakal mbejadi lawang-lawang tembaga
lan bakal nugeli slarak-slarak wesi.
3Ingsun bakal maringi sira raja-brana kang kapendhem
tuwin raja-darbe kang siningidake,
supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe Israel,
kang nimbali sira kalawan nyebut jenengira.
4Marga saka abdiningSun Yakub
lan Israel, pilihaningSun,
Ingsun banjur nimbali sira kalawan nyebut jenengira,
paring sesebutan marang sira, sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun.
5Iya Ingsun iki Yehuwah ora ana liyane;
kajaba Ingsun ora ana allah maneh.
Ingsun wus paring gegamaning perang marang sira,
sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun,
6supaya wiwit ing papan pletheking srengenge
nganti tekan papan surupe, wong sumurup, manawa ing sajabaningSun ora ana liyane maneh.
Ingsun iki Yehuwah la ora ana liyane,
7kang ndadekake padhang lan nitahake peteng,
kang damel begja lan cilaka;
Ingsun Yehuwah kang nindakake iki kabeh.
8He langit, netesna kaadilan saka ing dhuwur,
tuwin cikben disokake dening mendhung!
Bumi kareben ngengakake badane
lan metokake trubusaning kaslametan,
apamaneh cikben nuwuhake kaadilan!
Iya Ingsun iki Yehuwah kang nitahake iki kabeh.”
Pangeran Yehuwah iku kang nitahake samubarang kabeh
45:9-19
9 # Rm 9:20 Bilai wong kang padu kalawan Kang Nitahake;
ora liya iku mung wingka pecahan kendhil!
Apa lempung bakal celathu marang kundhi:
“Apa kang kokgawe?”
utawa marang apa kang wus digawe:
“Kowe iku ora duwe tangan!”
10Bilai wong kang celathu marang bapakne:
“Apa kang kokanakake?”
lan marang ibune:
“Apa kang koklairake?”
11Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,
Kang Mahasuci, Gusti Allah kang nitahake Israel:
“Apa sira kang matur pitakon marang Ingsun bab putra-putraningSun,
utawa kang prentah marang Ingsun bab apa kang kadamel dening astaningSun?
12Iya Ingsun iki kang yasa bumi
lan kang nitahake manungsa ana ing kono;
iya astaningSun iki kang nggelar langit,
lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.
13Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan,
tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh;
iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun,
sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan,
tanpa bayaran lan tanpa besel,”
mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
14Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:
“Pametuning tanah Mesir lan sakehing kauntungane Etiopia
lan para wong ing Syeba, para wong kang pawakane dhuwur,
bakal padha ngalih marang tanahira tuwin dadi duwekira,
iku bakal padha lumaku ana ing burinira kalawan dirante;
bakal padha sujud marang sira sarta bakal ngempek-empek marang sira kalawan tembunge:
Namung wonten ing tengah-tengah paduka Gusti Allah punika, tuwin sanesipun boten wonten;
kajawi Panjenenganipun boten wonten allah sanesipun!
15Sanyata, Paduka punika Gusti Allah ingkang sesingidan,
Gusti Allahipun Israel, Sang Juruwilujeng.
16Nanging para tukang brahala kudu mundur kalawan wirang,
kabeh bakal kawirangan lan pancen kalepetan ing wirang.
17Dene Israel kaparingan karahayon dening Sang Yehuwah
karahayon kang langgeng;
sira ora bakal padha kawirangan tuwin ora bakal kalepetan wirang
nganti ing salawase lan ing sateruse.”
18Sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah,
kang nitahake langit,
– iya Panjenengane iku Gusti Allah –
kang karya bumi lan kang yasa
sarta kang nyantosakake iku,
– apadene anggone nitahake iku ora banjur disuwungake,
nanging iku katitahake supaya dienggoni –:
“Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana liyane.
19Ora tau Ingsun ngandika kalawan asingidan
tuwin ana ing panggonan ing bumi kang peteng.
Ora tau Ingsun dhawuh marang turuning Yakub
supaya ngupaya Ingsun kalawan nglaha!
Ingsun, Yehuwah, manawa ngandika mesthi bener,
sarta tansah martakake apa kang sanyata.”
Bangsa-bangsa padha katimbalan supaya padha bali marang Pangeran Yehuwah
45:20-25
20“Sira padha nglumpuka lan padha mrenea,
padha majua bebarengan,
he sira kabeh kang padha oncat
saka ing antarane para bangsa!
Iku padha ora duwe kawruh
wong kang padha ngarak recane kayu
lan kang padha ndedonga marang allah
kang ora bisa aweh karahayon.
21Sira padha nerangna lan mratelakna alasanira,
cikben padha rerembugan bebarengan:
Sapa kang aweh pawarta bab iki wiwit jaman kuna mula,
tuwin kang mratelakake wiwit biyen?
Apa dudu Ingsun, Yehuwah?
Ora ana liyane, ora ana allah liyane kajaba Ingsun!
Allah kang adil lan kang jumeneng Juru-slamet,
ora ana liyane kajaba Ingsun!
22Padha sowana marang ing ngarsaningSun supaya sira padha kaparingan slamet,
he poncot-poncoting bumi!
Sabab iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane.
23 # Rm 14:11; Fp 2:10-11 Demi Ingsun piyambak Ingsun wus supaos,
saka ing tutukingSun wus kalair kabeneran,
pangandika kang ora bakal kaceled;
sarta kabeh wong bakal padha sujud jengkeng ana ing ngarsaningSun sarta padha sumpah manawa bakal setya marang Ingsun,
kanthi migunakake sakehing basa,
24kalawan celathu: Kaadilan lan kasantosan
iku mung tinemu ana ing Pangeran Yehuwah.
Sakehe wong kang wus nepsu marang Panjenengane
bakal padha sowan ing ngarsane lan bakal nandhang wirang,
25nanging turune Israel kabeh
bakal kacihna manawa bener lan bakal rumangsa begja ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”

Currently Selected:

YESAYA 45: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in