Iya Ingsun iki Yehuwah ora ana liyane;
kajaba Ingsun ora ana allah maneh.
Ingsun wus paring gegamaning perang marang sira,
sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun,
supaya wiwit ing papan pletheking srengenge
nganti tekan papan surupe, wong sumurup, manawa ing sajabaningSun ora ana liyane maneh.
Ingsun iki Yehuwah la ora ana liyane