YESAYA 12
12
Kidung panuwun marga wus ginanjar slamet
12:1-6
1Ing wektu iku kowe bakal munjuk:
“Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, awit sanadyan Paduka sampun duka dhumateng kawula,
nanging bebendu Paduka sampun kendel
tuwin Paduka lajeng nglipur kawula.
2 #
Pa 15:2; Ms 118:14 Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku;
aku kumandel ora kalawan gumeter,
amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku,
Panjenengane wus dadi karaharjanku.”
3Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungah
ing etuking kaslametan.
4Ing wektu iku kowe bakal padha ngucap:
“Ngunjukna panuwun marang Sang Yehuwah,
padha nyebuta marang asmane,
pakaryane padha sumurupna ana ing antarane para bangsa,
suwurna, manawa asmane iku luhur!
5Padha ngidungna masmur Pangeran Yehuwah, sabab pakaryane iku mulya;
bab iki prayoga kasumurupan ing saindenging bumi!
6Padha giyak-giyaka lan surak-suraka,
he wong kang padha manggon ing Sion,
amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,
iku agung ana ing satengahmu!”
Currently Selected:
YESAYA 12: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.