1
YESAYA 12:2
Kitab Sutji
JAV
Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”
Compare
Explore YESAYA 12:2
2
YESAYA 12:3
Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungah ing etuking kaslametan.
Explore YESAYA 12:3
3
YESAYA 12:5
Padha ngidungna masmur Pangeran Yehuwah, sabab pakaryane iku mulya; bab iki prayoga kasumurupan ing saindenging bumi!
Explore YESAYA 12:5
4
YESAYA 12:4
Ing wektu iku kowe bakal padha ngucap: “Ngunjukna panuwun marang Sang Yehuwah, padha nyebuta marang asmane, pakaryane padha sumurupna ana ing antarane para bangsa, suwurna, manawa asmane iku luhur!
Explore YESAYA 12:4
5
YESAYA 12:1
Ing wektu iku kowe bakal munjuk: “Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, awit sanadyan Paduka sampun duka dhumateng kawula, nanging bebendu Paduka sampun kendel tuwin Paduka lajeng nglipur kawula.
Explore YESAYA 12:1
6
YESAYA 12:6
Padha giyak-giyaka lan surak-suraka, he wong kang padha manggon ing Sion, amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, iku agung ana ing satengahmu!”
Explore YESAYA 12:6
Home
Bible
Plans
Videos