HOSEA 11
11
Sihe Pangeran Yehuwah ngalahake kawangkotane wong Israel
11:1-11
1 #
Pa 4:22; Mt 2:15 Nalika Israel isih nom, Sunkasihi
sarta saka ing Mesir putraningSun iku Suntimbali.
2Saya kerep anggoningSun nimbali,
saya banget anggone ngungkurake Ingsun,
padha sesaji kurban marang para Baal,
sarta ngobong kurban kanggo reca-reca.
3Mangka Ingsun kang netah marang Efraim,
Ingsun kang mbopong,
ewasamono padha ora gelem ngrumangsani, yen Ingsun kang nyarasake.
4Sungendeng kalawan talining kasetyaan,
iya kalawan tetalenaning katresnan.
Tumrap bangsa iku Ingsun kaya wong kang ngangkat pasangan saka ing uwange,
Ingsun ndhingkluk lan maringi pangan.
5Wong-wong iku kudu padha bali menyang tanah Mesir,
sarta Asyur kang bakal dadi ratune,
marga padha ora gelem mratobat.
6Pedhang bakal ngamuk ana ing kutha-kuthane,
bakal ngrusak slarak-slaraking lawange,
sarta mangsa wong-wong iku ana ing beteng-betenge.
7UmatingSun betah ngungkurake Ingsun,
padha njaluk tulung marang Baal,
lan leren anggone ngluhurake asmaningSun.
8 #
PT 29:23
He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira,
ngulungake sira, he Israel!
Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma,
ndadekake sira kaya Zeboim!
PanggalihingSun dadi pulih,
sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.
9Ingsun ora bakal nandukake bebenduningSun kang mulad-mulad,
Efraim ora Suntumpes maneh,
marga Ingsun iki Allah lan dudu manungsa,
Kang Mahasuci ana ing tengahira,
sarta Ingsun ora rawuh arep mbesmi.
10Wong-wong iku bakal padha manut marang Pangeran Yehuwah,
Pangeran bakal nggero kaya singa.
Sanyata, Panjenengane bakal nggero,
para putra nuli bakal padha sowan
saka ing sisih kulon kanthi gumeter,
11kaya manuk kang teka saka ing tanah Mesir kalawan gumeter,
lan kaya manuk dara saka ing tanah Asyur,
sarta bakal padha Sunpapanake ana ing omahe dhewe-dhewe, –
mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Currently Selected:
HOSEA 11: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.