HOSEA 10
10
Paukuman marga saka anggone padha nyembah brahala
10:1-8
1Israel iku wit anggur kang becik thukule,
kang metokake woh,
saya akeh pametune,
saya akeh anggone gawe misbyah
sarta saya becik lemahe,
saya endah anggone gawe tugu-tugu brahala.
2Atine lamis,
saiki kudu padha nanggung wohing kaluputane,
Pangeran bakal ngremuk misbyah-misbyahe,
lan mbubrah tugu-tugune brahala.
3Lah saiki padha ngucap:
“Kita padha ora duwe ratu,
marga kita padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah,
mangka ratu iku bisa nindakake apa ta tumrap kita?”
4Padha umuk-umukan,
padha nglairake sumpah palsu,
padha gawe prajanjian,
temahan paukuman thukul kaya wit upas
ana ing singkalan-singkalaning pategalan.
5Para wong saisine Samaria padha gumeter,
ing ngatase pedhete Bet-Awen.
Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku,
sarta para imame padha sesambat,
marga wus koncatan kamulyane.
6Pedhete bakal kaboyong menyang Asyur,
minangka pisungsung marang Sang Nata “Agung”.
Efraim bakal kawirangan,
sarta Israel bakal kisinan marga saka rancangane.
7Samaria bakal katumpes,
ratune kaya pang kang kumambang ing banyu.
8 #
Lk 23:30; Wy 6:16 Tengger-tengger pangurbanan Awen, yaiku dosane Israel,
bakal padha kasirnakake.
Misbyah-misbyahe bakal padha kathukulan
eri lan rerungkudan.
Sarta wonge bakal padha nylathoni gunung-gunung:
“Aku padha sasabana!”,
lan marang tengger-tengger: “Aku padha ebrukana!”
Pangeran Yehuwah kecuwan tumrap Efraim
10:9-15
9 #
PH 19:1-30
He Israel, wiwit jamane Gibea sira wus gawe dosa;
ana ing kana padha gumregah nglawan.
Ana ing Gibea apa ora bakal ketututan ing perang
kang nglawan marang para wong culika?
10Ingsun rawuh prelu nggebagi wong-wong iku,
bangsa-bangsa bakal padha nglumpuk nglawan marang
wong-wong iku,
samangsa padha kasiksa marga saka kaluputane rong prakara.
11Efraim iku biyen pedhet kang wus digladhi lan dhemen nutu,
sarta Ingsun remen
marang githoke kang apik,
Efraim iku Sunrakitake,
Yehuda kudu mluku,
Yakub kudu nggaru lemah kanggo awake dhewe.
12 #
Ym 4:3
Sira padha nyebara kang cundhuk karo kaadilan,
ngundhuha kanthi katresnan!
Mbukaka tanah anyar,
marga wus wancine ngupaya marang Sang Yehuwah,
nganti panjenengane rawuh sarta maringi kaadilan kang luber marang sira.
13Sira wus padha mluku kadurakan,
kaculikan kang sira undhuh,
sarta sira wus padha mangan wohing doracara,
marga sira wus padha ngendelake ratanira,
apadene kehing prawiranira.
14Bakal jumedhul gumuruhing perang ana ing antarane bangsanira,
lan sakehe betengira bakal kagempur,
kaya Salman anggone nggempur Bet-Arbel
ing kalane campuh perang,
biyung dalah anak-anake padha diremuk.
15Kaya mangkono iku bakal Suntandukake marang sira,
he turune Israel,
marga saka bangeting kadursilanira.
Ing wayah bangbang wetan ratune Israel bakal katumpes babar pisan.
Currently Selected:
HOSEA 10: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.