Duh, Gusti Allah kula, supaya gelem mbukakké kuping lan ngrungokké, supaya mripat Panjenengan gelem nggatèkké lan gelem weruh, karusakan kita lan kuta sing disebut nganggo asma Panjenengan; malah enggèn kita pada ngunggahké pandonga kita ing ngarepé Panjenengan kuwi ora karo kabetyikan kita, nanging landesan katrésnan Panjenengan sing lubèr. Duh Gusti kula, supaya gelem ngrungokké! Duh Gusti, supaya gelem ngekèki ngapura! Duh GUSTI, supaya gelem ngrungokké lan terus gelem nandangi, aja nganti direndetké, awit sangka Panjenengan piyambak, duh Gusti Allah kula, awit kuta Panjenengan lan umat Panjenengan disebut nganggo asma Panjenengan!”