1
ZEFANYA 3:17
Kitab Sutji
JAV
Pangeran Yehuwah Allahmu ana ing tengahmu, bakal jumeneng dadi Pahlawan kang paring kaunggulan; banget karenan ing galih marga saka kowe. Panjenengane nganyarake kowe ana ing sihe, kanthi sumyak anggone sukarena ing ngatase kowe
Compare
Explore ZEFANYA 3:17
2
ZEFANYA 3:20
Ing wektu iku sira bakal Sunirid mulih, iya Sunklempakake lan Sundadekake misuwur lan ingalembana ana ing satengahe sakehe bangsa ing salumahe bumi, sarta kaananira bakal Sunpulihake ana ing sangarepe wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Explore ZEFANYA 3:20
3
ZEFANYA 3:15
Pangeran Yehuwah wus nyingkirake paukuman marang kowe, wus nyirnakake mungsuhmu. Ratune Israel, yaiku Pangeran Yehuwah, iku ana ing tengahmu, kowe ora bakal wedi marang kasangsaran maneh.
Explore ZEFANYA 3:15
4
ZEFANYA 3:19
Lan ing wektu iku Ingsun bakal matrapi wong kabeh kang wus nindhes marang sira; nanging mitulungi kang padha pincang, sarta ngumpulake kang padha pating slebar, lan sapira kang kawirangan bakal Sundadekake ingalembana lan misuwur ana ing salumahe bumi.
Explore ZEFANYA 3:19
Home
Bible
Plans
Videos