Padha munggaha ing gunung, njupuka kayu, Padaleman iki kabanguna, temah bakal ndadekake keparenging panggalihingSun, sarta Ingsun bakal ngatingalake kaluhuraningSun ana ing kono, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –. Sira padha ngarep-arep akeh, nanging oleh-olehane mung sathithik, lan bareng sira lebokake ing omahira, banjur Sunsebul, sabab apa? – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –. Jalaran PadalemaningSun isih tetep dadi jugrugan, mangka sira padha ribut ngopeni omahira dhewe.