1
WULANG BEBASAN 15:1
Kitab Sutji
JAV
Wangsulan kang sareh nglejarake nepsu, nanging tembung sengak nuwuhake kanepson.
Compare
Explore WULANG BEBASAN 15:1
2
WULANG BEBASAN 15:33
Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan, lan andhap-asor iku bebukaning kajen.
Explore WULANG BEBASAN 15:33
3
WULANG BEBASAN 15:4
Ilat kang sareh iku wit panguripan, nanging ilat cidra gawe tatuning ati.
Explore WULANG BEBASAN 15:4
4
WULANG BEBASAN 15:22
Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan, nanging bakal kaleksanan manawa dikantheni juru pirembug akeh.
Explore WULANG BEBASAN 15:22
5
WULANG BEBASAN 15:13
Ati seneng mbingarake polatan, nanging ati kang sedhih ngendhokake semangat.
Explore WULANG BEBASAN 15:13
6
WULANG BEBASAN 15:3
Tingale Pangeran Yehuwah iku nyrambahi ing saenggon-enggon, nguningani wong ala lan wong becik.
Explore WULANG BEBASAN 15:3
7
WULANG BEBASAN 15:16
Luwih becik barang sathithik kang dikantheni wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, tinimbang karo kasugihan akeh kang dikantheni sumelang.
Explore WULANG BEBASAN 15:16
8
WULANG BEBASAN 15:18
Wong brangasan marakake grejegan, nanging wong sabar ngendhakake para padu.
Explore WULANG BEBASAN 15:18
9
WULANG BEBASAN 15:28
Atine wong bener nimbang-nimbang wangsulane, nanging cangkeme wong duraka mbludag piala.
Explore WULANG BEBASAN 15:28