1
WULANG BEBASAN 11:25
Kitab Sutji
JAV
Sing sapa kerep andum berkah, bakal nampani kaluberan, sing sapa aweh ngombe, bakal diwenehi ngombe.
Compare
Explore WULANG BEBASAN 11:25
2
WULANG BEBASAN 11:24
Ana kang ngawut-awut bandhane, nanging saya sugih, lan ana kang kumet banget, ewasamono tansah kekurangan.
Explore WULANG BEBASAN 11:24
3
WULANG BEBASAN 11:2
Samangsa piangkuh teka, pamoyok uga nututi, nanging kawicaksanan dumunung ana ing wong kang lembah manah.
Explore WULANG BEBASAN 11:2
4
WULANG BEBASAN 11:14
Yen tanpa pemimpin, bangsa ambruk, nanging manawa juru pirembug akeh banjur ana katentreman.
Explore WULANG BEBASAN 11:14
5
WULANG BEBASAN 11:30
Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.
Explore WULANG BEBASAN 11:30
6
WULANG BEBASAN 11:13
Sing sapa nenacad, iku ngeler wewadi, nanging wong setya nutupi prakara.
Explore WULANG BEBASAN 11:13
7
WULANG BEBASAN 11:17
Wong kang ambek darma mbeciki awake dhewe, nanging kang ambek siya iku niksa awake dhewe.
Explore WULANG BEBASAN 11:17
8
WULANG BEBASAN 11:28
Sing sapa ngandelake marang kasugihane bakal ambruk, nanging wong bener bakal semi kaya godhong enom.
Explore WULANG BEBASAN 11:28
9
WULANG BEBASAN 11:4
Samangsa bebendu teka, kasugihan ora migunani, nanging kabeneran ngluwari saka ing pati.
Explore WULANG BEBASAN 11:4
10
WULANG BEBASAN 11:3
Wong kang jujur iku katuntun dening katemenane, nanging wong cidra iku dirusak dening culikane.
Explore WULANG BEBASAN 11:3
11
WULANG BEBASAN 11:22
Kayadene anting-anting emas ana ing congoring babi, iya kaya mangkono iku wong wadon ayu kang ora susila.
Explore WULANG BEBASAN 11:22
12
WULANG BEBASAN 11:1
Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah, nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge.
Explore WULANG BEBASAN 11:1