1
WULANG BEBASAN 10:22
Kitab Sutji
JAV
Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.
Compare
Explore WULANG BEBASAN 10:22
2
WULANG BEBASAN 10:19
Kang akeh guneme iku mesthi ana panerake, nanging kang mekak lambene iku kadunungan akal-budi.
Explore WULANG BEBASAN 10:19
3
WULANG BEBASAN 10:12
Sengit marakake grejegan, katresnan nasabi sakehe panerak.
Explore WULANG BEBASAN 10:12
4
WULANG BEBASAN 10:4
Tangan kang kendho marakake mlarat, nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.
Explore WULANG BEBASAN 10:4
5
WULANG BEBASAN 10:17
Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip, nanging kang nglirwakake marang pameleh iku kesasar.
Explore WULANG BEBASAN 10:17
6
WULANG BEBASAN 10:9
Sing sapa resik kalakuane iku tentrem lakune, nanging kang tumindak mlinthat-mlinthut, bakal konangan.
Explore WULANG BEBASAN 10:9
7
WULANG BEBASAN 10:27
Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku ndawakake umur, nanging taun-taune wong duraka iku dicendhakake.
Explore WULANG BEBASAN 10:27
8
WULANG BEBASAN 10:3
Sang Yehuwah ora negakake wong bener nandhang keluwen, nanging pepenginane wong duraka ditampik.
Explore WULANG BEBASAN 10:3
9
WULANG BEBASAN 10:25
Manawa katempuh ing lesus, wong duraka sirna, nanging wong bener iku tetales kang langgeng.
Explore WULANG BEBASAN 10:25