1
WULANG BEBASAN 12:25
Kitab Sutji
JAV
Sumelanging ati ndadekake wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadekake senenge atine.
Compare
Explore WULANG BEBASAN 12:25
2
WULANG BEBASAN 12:1
Sing sapa dhemen diperdi iku seneng marang kawruh, nanging sing sapa nampik pameleh iku bodho.
Explore WULANG BEBASAN 12:1
3
WULANG BEBASAN 12:18
Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang, nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan.
Explore WULANG BEBASAN 12:18
4
WULANG BEBASAN 12:15
Wong bodho ngarani lakune dhewe wus becik, nanging sapa kang nampani pituduh iku wicaksana.
Explore WULANG BEBASAN 12:15
5
WULANG BEBASAN 12:16
Wong kang mratelakake laraning atine sanalika iku uga, iku bodho, nanging wong kang ora mreduli marang pamoyok iku wicaksana.
Explore WULANG BEBASAN 12:16
6
WULANG BEBASAN 12:4
Wong wadon kang pinter iku minangka makuthane kang lanang, nanging kang gawe wirang iku prasasat lelara kang ngroposake balunge.
Explore WULANG BEBASAN 12:4
7
WULANG BEBASAN 12:22
Lambe kang cidra iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah, nanging wong kang setya-tuhu iku ndadekake keparenge.
Explore WULANG BEBASAN 12:22
8
WULANG BEBASAN 12:26
Wong bener iku nemu papan panggonane, nanging dalane wong duraka nasarake awake dhewe.
Explore WULANG BEBASAN 12:26
9
WULANG BEBASAN 12:19
Lambe kang nglairake katemenan iku tetep ing salawase, nanging ilat cidra mung kanggo sakedhap netra.
Explore WULANG BEBASAN 12:19