1
YOEL 2:12
Kitab Sutji
JAV
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”
Compare
Explore YOEL 2:12
2
YOEL 2:28
“Sawuse mangkono bakal kelakon, Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh, temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; para pinituwanira bakal padha oleh pangimpen, lan nom-nomanira padha ndeleng wahyu.
Explore YOEL 2:28
3
YOEL 2:13
Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.
Explore YOEL 2:13
4
YOEL 2:32
Lan sing sapa nyebut asmane Pangeran Yehuwah, iku bakal kapitulungan rahayu, marga ing gunung Sion lan ing Yerusalem bakal ana pangentasan, kaya kang wus di pangandikakake dening Pangeran Yehuwah; sarta saben wong kang katimbalan dening Sang Yehuwah iku bakal dadi panunggalane kang kaentas.”
Explore YOEL 2:32
5
YOEL 2:31
Srengenge bakal salin dadi peteng ndhedhet lan rembulan dadi getih sadurunge tekane dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan nggegirisi iku.
Explore YOEL 2:31
Home
Bible
Plans
Videos