Srengenge lan rembulan padha dadi peteng,
lintang-lintang wus padha ilang cahyane,
Pangeran Yehuwah bakal nggero saka ing Sion,
ngumandhangake swarane saka ing Yerusalem,
langit lan bumi gonjang-ganjing.
Nanging Sang Yehuwah dadi pangungsen tumrap umate,
lan dadi beteng tumrap wong Israel.