Kayadene anggone wong akeh bakal padha dheleg-dheleg
nyumurupi Panjenengane –
amarga saka bangeting rusake pasemone,
nganti ora kaya manungsa maneh,
lan katon ora kaya anaking manungsa maneh, –
mangkono anggone Panjenengane damel gumuning bangsa akeh,
para raja bakal padha sidhem mirsani Panjenengane;
amarga apa kang durung kawartakake, bakal kasumurupan,
tuwin apa kang durung kapireng, bakal dimangertosi.